Selasa, 08 Oktober 2013

JENIS-JENIS WAYANG



JENIS-JENIS WAYANG
Wayang kulit utawa wayang purwa yaiku wayang sing digawe saka walulang. Nyritakake lelakone Ramayana lan Mahabarata. Kajaba wayang kulit, ana sawetara jenis wayang liyane, kayata:
1.      Wayang wong
Wayang sing paragane wong, uga nyritakake lelakone Ramayana lan Mahabarata.
2.      Wayang beber
Yaiku mori kang digambari wayang ditontonake sarana dibeber, yen wis rampung banjur digulung maneh. Nyritakake lelakone Jaka Kembang Kuning karo Dewi Sekartaji.
Miturut Kitab Sastra Mirudo, wayang beber kadamel taun 1283 (gunaning Bujangga nembah Ing Dewa), Muncul lan ngrembaka ing jaman Majapahit. Wayang beber tertua wonten ing tlatah Pacitan, dusun Gelaran desa Bejiharjo Karang Mojo Gunung Kidul.

Wayang sing nyeritakake lelakone Panji Asmarabangun, Dewi Candra Kirana, lsp.
(bentuknya hampir sama dengan wayang purwa. Wayang gedhog diciptakan oleh Sunan Giri tahun 1485 (Gaman Naga Kinaryeng Bathara) saat mewakili Raja Demak yang melakukan penyerbuan ke Jawa Timur. Wayang gedhog berasal dari pertunjukan wayang yang tanpa diiringi dengan kecrek sehingga bunyinya hanya ”dog” yang dominan. dan berkembang pada jaman Majapahit)
4.      Wayang klitik (krucil)
Wayang sing digawe saka kayu gepeng, nyriyakake Prabu Kenya, Damarwulan, Menak Jingga, lsp. Critane saka kerajaan Pajajaran nganti zaman prabu Brawijaya Majapahit. Gamelan kang digunakake sangat sederhana.
5.      Wayang golek (thengul)
Wayang sing digawe saka kayu awujud golek,nyritakake wong Agung Menek, Umar Maya, lsp. Wayang golek dipopulerake dening Sunan Kudus. Wayang golek kang misuwur yaiku wayang golek Asep Sunarya saka Sunda.
6.      Wayang madya
Wayang kulit sing nyritakake lelakone parikesit saturunane. Wayang madya iki diciptakake dening Mangkunegara IV, kang digunakake kanggo sesambungane wayang purwa karo wayang gedhog. Crita Kang terkenal ing wayang madya yaiku crita Angling Dharma.
7.      Wayang potehi
Wayang golek kanthi cerita lelakone wong Cina. Potehi yaiku wayang khas Tiong Hoa berasal saka Cina Selatan kesenian iki digawa dening para perantauan etnis Tiong Hoa.
Potehi saka tembung Pou (kain) Te (kantong) Hi (wayang), artine wayang boneka kang digawe saka kain. Potehi ada sejak Dinasti jin (265-420 M) lan masuk Indonesia abad 16-19 M.
8.      Wayang sadat
Wayang sing nyritakake lakon agama Islam
9.      Wayang suluh
Wayang sing nyritakake sejarah Indonesia lan kanggo penyuluhan
10.  Wayang suket
Wayang kang digawe saka suket, critane babagan kahanan saiki lan lumrahe kanggo pitutur utawa kritik marang pemerintah. Asring digunakake bocah cilik kanggo dolanan.

0 comments:

Posting Komentar

popcash