Senin, 11 Agustus 2014

Cerita Cekak

Cerita Cekak
Cerita cekak yaiku karangan cekak kang awujud prosa. Lumrahe isine kurang saka 1000 tembung kang menehi kesan tunggal kang dominan lan musatake prakara ing salah sawijining tokoh.
Titikane cerkak
1.      Ceritane cekak lumrahe kurang saka 1000 tembung
2.      Diwaca sakeplasan (sekali duduk)
3.      Perkara kang dicritakake mung siji
4.      Cacahe paraga mung sithik
5.      Tokoh kang diceritakake ora nganti owah nasibe
6.      Sipate reka-reka/fiktif
7.      Cerkak Asifat naratif (manut urutan wektu)
Struktur cerita cekak kabentuk saka unsur-unsur ing ngisor iki:
Unsure Intrinsik karya sastra (cerkak):
a.       Tema, yaiku inti utawa ide dhasare crita.
b.      Alur/plot, yaiku Pola pangembangan crita kang kabentuk saka hubungan sebab akibat. Lakon crita kaperang dadi bageyan-bageyan:
1)      Pengenalan bab situasi utawa kahanan crita (exposition)
Ing bab iki, pengarang ngenalake para tokoh, nata adegan lan hubungan tokoh-tokohe.
2)      Panjlentrehe kedadeyan (complication)
Ing bab iki, kedadeyan wiwitan kang dadi sumbering masalah kanggo para tokohe.
3)      Nuju ana ing konflik, (rising action)
Ing bab iki, masalahe tokoh kang dialami saya tambah.
4)      Pucuking masalah (turning point)
Klimak crita. Ing baba iki nasib tokohe ditemtokake (kasil orane ngadepi masalah)
5)      Rerampungan (ending)
Nasib-nasibe kang dialami para tokohe wis cetha uga bisa diarani rampung.
c.       Latar, yaiku papan panggonan, hubungan wektu lan lingkungan sosiale saka kedadeyan kang dicritakake ana ing crita.
Latar iku ana 3 jenise:

1)      Latar panggonan, yaiku latar kang dadi papan panggonan nalika kedadeyan ana ing crita iku dicritakake.
Tuladhaing plataran omahe Agus seneng tenguk-tenguk nyawang kahanan…….(kharisma X, hal 44)
2)      Latar wektu,yaiku wektu nalika kadadeyan ana ing crita iku dicritakake.
Tuladha: Dina iki, 27 Desember 2009, ing wengi kutha Jakarta tansah rame. Amerga bengi iki final AFF…….(kharisma X, hal 44)
3)      Latar kahanan (suasana), yaiku kahanan lingkungan social nalika kedadeyan ana ing crita iku dicritakake.
Tuladhane: Nalika kebo bule wis cedhak saka papan panggonanku nonton kirab pusaka siji Sura, kahanan tansah anteng, kras sepi, ora ana mobah mosoking angin……(kharisma, hal 44)
d.      Tokoh, yaiku Paraga ing sawijining crita.
e.       Penokohan, yaiku carane pengarang nggambarake lan njlentrehake karakter tokoh ana ing crita. Ana 2 teknik kanggo nggambarake karakter salah sawijining tokoh.
1.      teknik analitik, yaiku karakter/watak tokoh kang dijlentrehake kanthi langsung dening pengarang.
2.      Teknik dramatic
karakter/watak tokoh kang dijlentrehake kanthi penggambaran:


a)   Bab fisik lan tindak tanduke tokoh
b)   Lingkungan kauripan tokoh
c)            Tata basane tokoh
d)            Dalan pikirane tokoh
e)            Dening tokoh liyane


f.       Sudut pandang (point of view) yaiku posisine pengarang nalika ncritakake crita. Posisi pengarang ana 2:
1)      Dadi wong kapisan (orang pertama). Pengarang dadi tokoh lan lakon ana ing crita.
Cirine ana tembung “AKU”.
Tuladha: Aku isih durung percaya menawa dina iki aku bisa lungguh ana ing kursi stadion Olimpico roma…….
2)      Dadi wong katelu (orang ketiga) pengarang dadi pengamat ana ing crita.
Cirine tokoh utamanya menggunakan “NAMA GIYARTI”
Tuladha: Giyarti katon mongkog atine amerga bisa munggah podium menang lomba……

g.       Amanat, yaiku ajaran moral utawa pesen didaktis (mendidik) kang bakal dibabar utawa dijlentrehake pengarang marang wong kang maca.
h.      Gaya basa, basa sing digunakake pangripta ing sajroning carita. Utawa cara khas kang dienggo pangripta kanggo medharake pikiran lan rasa atine. Cara kang khas mau bisa dingerteni liwat ukara utawa tetembungan kang dienggo. Mula gaya basa iku nuwuhake rasa lan reaksi pamaca marang pikiran kang diandharake dening pengarang. Gaya basa ing jagad kasusastran Jawa bisa awujud basa rinengga, pepindhan, bebasan lan majas.
basa kang ana ing crita kang nduweni kagunan kanggo nyiptakake nada utawa kahanan persuasif uga ngrumusake dialog kang bisa ngetokake hubungan lan interaksi tokkoh siji lan sijine.
dengan menggunakan perbandingan, menghidupkan benda mati,melukiskan sesuatu dengan tidak sewajarnya, dan sebagainya. Itulah sebabnya,terkadang dalam karya sastra sering dijumpai kalimat-kalimat khas. Nada padakarya sastra merupakan ekspresi jiwa.
Basa ing cerkak kuwi ana 2 werna,
 Basa Tersirat, inggih punika basa ingkang mbetahaken daya pemahaman ingkang inggil


Basa Tersurat, inggih punika basa ingkang gampil dipunmangertosi

0 comments:

Posting Komentar

popcash