Selasa, 20 Agustus 2013

WARA-WARA (PENGUMUMAN)



WARA-WARA
Wara-wara yaiku pratelan kang nerangake samubarang kang penting, isine cekak aos, cetha gamblang tur gampang dimangerteni.
Ø  Perangane Wara-wara


1.      Irah-irahan wara-wara
2.      Adangiyah (Unggah-ungguhe basa kang ngirim wara-wara)
3.      Bebuka/pambuka (Ukara Pambuka wara-wara)
4.      Surasa basa/isi (isining wara-wara)
5.      Wasana basa/penutup (perangan/ukara kang kanggo mungkasi atur)
6.      Panggenan lan titi mangsa (tempat lan tanggal)
7.      Paprenah (sesambungane wong kang ngirim karo wong kang dikirimi wara-wara)
8.      Tapak asma (tandha tangan)
9.      Nama terang (jeneng kang nggawe wara-wara)


Ø  Syarate wara-wara
  • Basa kang digunakake cetha, gamblang lan gampil dimangerteni
  • Isine cekak aos
  • Katujokake marang kelompok/bebrayan tartamtu
  • Basane komunikatif (ora ngaya wara cukup saprelune wae lan nganggo tetembungan kang prasaja supaya bisa ditampa dening sapa wae kang krungu lan maca).
  • Perangane jangkep (wara-wara mau bisa mangsuli pitakon 5W+1H)
Ø  Wujuding wara-wara
  1. Lisan. Asring dipungiyaraken lumantar radio,lan siaran.
Ex. Siaran lelayu, wara-wara lumantar radio, lsp.
  1. Tulisan. Lumrah wonten ing ariwarti(koran), kalawarti(majalah) lan papan pengumuman.
Ex. Lowongan kerja, lelayu serat, wara-wara ing sekolah, pamlet, spanduk, lsp.
Ø  Bedane wara-wara karo pawarta
·         WARA-WARA kuwi ngajak sami nyengkuyung punapa ingkang dipunwartakaken. Sipatipun persuatif(mengajak)
·         PAWARTA kuwi mung ngabaraken pawarta. Sipatipun informatif(memberi informasi)
Ø  Babagan kang wigati ana ing wara-wara
a.       Sapa sing nggawe wara-wara kudu cetha.
b.      Kanggo sapa wara-wara kuwi katujokake kudu cetha
c.       Isine wara-wara kudu cetha, jangkep lan bisa menehi katrangan kang cukup manut kapreluane

TULADHA WARA-WARA SERATAN (tuladha wara-wara) contoh pengumuman


Tuladha I (seratan)               
(1) WARA-WARA
(2) Para kanca kang daktresnani,
            (3)Kanggo mahargya pengetan dina kamardikan RI. (4)OSIS bakal nganakake lomba Maca Geguritan. Lomba bakal dianakake ing:
            Dina                 : Setu
            Tanggal            : 9 Agustus 2011
            Papan               : Aula
            Tabuh              : 14.00 WIB
(5) Kabeh kelas kudu ngirimake wakile, pendhaftarane dibukak wiwit saiki, bisa dhaftar marang Bayu Pramono kelas X. Maturnuwun.
                                                                         (6) Semarang, 28 juli 2011
                                                                                    (7) Ketua OSIS
                                                                                    (8)
                                                                                    (9) SEPTIANI
LELAYU
Innalillahi wainna illaihi roji’un
Assalamuallaikum wr, wb.
Ngaturi uninga bilih kala dinten Senin Pon surya kaping 13 Januari 2002, wanci tabuh 04.15 WIB sampun katimbalan sowan wonten ngarsanipun Allah SWT,
BAPAK MARTONO
Jalaran nandhang gerah sepuh. Almarhum kaparingan yuswa 83 taun. Dene jenazah badhe kasarekaken wonten pasareyan Bergota Semarang, dinten Selasa Wage surya kaping 14 Januari 2002 tabuh 11.00 WIB. Bidal saking griya Jl. Merpati 56 Semarang. Mbok bilih nalika sugengipun Almarhum hanggadhahi kalepatan dhateng panjenengan sedaya, kulawarga nyuwunaken pangapunten.
Wassalamuallaikum wr, wb.
Ingkang nandhang sungkawa
kulawarga Budiyanto lan kulawarga Sudiyanto

TULADHA II (lisan)
Wara-wara diaturake saka mobil promosi keliling.
Ngaturi wuninga dhateng warga Sumber Agung lan sakitaripun bilih mangkeh dalu kasuwun rawuh dhateng lapangan desa Sumber Agung ingkang saprelu mirsani Pameran Pembangunan 2008.panjenengan saged mirsani asiling budidaya alat-alat produksi tepat guna kadosta:
-          Mesin pengrontok pantun
-          Mesin parutan klapa
-          Mesin rajangan tela/pohung
Ingkang sedaya kalawau kasade kanthi regi ingkang mirah saha barang-barangipun nggadhahi kwalitas inggil.
Panjenengan boten prelu tidha-tidha malih, sumangga enggal-enggal tumuju dhateng lapangan…. Panjenengan uga badhe dipunaturi pasugatan dhagelan Sandhirana Sandhirene, sumangga ampun nganti kesupen…..
LELAYU
Assalamuallaikum wr,wb.
Innalillahi wainna illaihi roji’un 3x
Ngaturi uninga bilih dinten menika (Selasa Wage surya kaping 30 Maret 2002) MBAH MARTONO sampun kapundhut tillah rohmatillah. Mbok bilih para sedherek/saudhara hanggadhahi wekdal kula aturi takziah wonten dalemipun MBAH NASI. RT05 RW 01 dusun Gebog Kembang. Dene jenazahipun samangke kasarekaken  tabuh 11.00 siyang ing pasareyan umum desa Kembang. Matur nuwun.
Wassalamuallaikum wr, wb.

PAMLET
WARA-WARA
KULA ATURI NGRAWUHI
Pagelaran wayang kulit kolosal 3 dhalang kondhang, mapan wonten ing gedung
Wayang Orang Sri Wedari Solo.

Kangge mahargya pengetan HARI IBU INTERNASIONAL INGKANG KAPING 8
tanggal 21 Februari 2008

Pemrentah Kota Surakarta makarya sesarengan kaliyan PEPADI Jawa Tengah, badhe ngawontenaken pagelaran ringgit wacucal sedalu natas kanthi dhalang cacah 3.

Enthus Susmana-Warsena Slank-Ki Mantep Sudarsana, kanthi lampahan Ngruwat Bumi Nuswantara

Ing dinten Kemis Kliwon, Surya Kaping 21 Februari 2008

Dipunsengkuyung dening wirapradangga, saha swarawati ingkang sampun kawentar,
Sunyahni-Waljinah-Nurhana

Boten katalompen ugi dipunsengkuyung grup campursari Sangga Buana saha bintang tamu saking Ibukota : Kirun Cs.
Kajawi menika ugi badhe dipunwonteni kepyakan:
-Java day, saben dinten kemis wajib ngginakaken basa Jawi ing saben kantor
-Namaning kantor Pamrentahan sinerat ing seratan Jawi
-Ageman Lurik pinangka identitas Surakarta
Sugeng mirsani ....................

Sawise kosemak kanthipermati isine pengumuman mau coba wangsulana manut prentahe!
A.     Wangsulan alendhasan Pamlet!
1.      Sapa kang nganakake pagelaran Wayang Kulit kolosal?
2.      Pagelaran wayang mau kanggo mahargya dina apa?
3.      Ana pira cacahe dhalange, sapa wae?
4.      Lakon apa kang bakal dipentasake?
5.      Grup campursari apa kang bakal nyengkuyung pagelaran wayang kulit kasebut?
6.      Pesindhene ana pira, sapa wae?
7.      Bintang tamune saka ngendhi lan sapa?
8.      Pagelaran wayang kulit mau bakal katindhakaken kapan lan ana ngendi?
9.      Kapan hari bahasa ibu Internasional iku dipengeti?
10.  Ing acara mau uga bakal dikepyakake apa wae aranana!

B.    
a.       Sawengi muput
b.      Wayang kulit
c.       Ngresmekake
d.      Mrengeti
e.       Tontonan
f.       Sedina micara Jawa
g.       Disokong, didukung
h.      Kondhang, misuwur
i.        Pesindhen
j.        Niyaga, tulkang nabuh gamelan
Golekaka gathuke ing sisih tengen!
1.      Pagelaran
2.      Mahargya
3.      Kepyakan
4.      Ringgit wacucal
5.      Sedalu natas
6.      Wirapradangga
7.      Swarawati
8.      Kawentar
9.      Dipunsengkuyung
10.  Java day

0 comments:

Posting Komentar

popcash