Kamis, 19 September 2013

NGRUNGOKAKE KHOTBAH/PIDHATO



Khotbah yaiku salah sawijine pidhato utawa micara ing sangarepe wong akeh kang utamane ngandharake babagan ajaran agama kang migunani kanggo sanguning urip. Lumrahe khotbah katindhakake dening Ulama/Kyai ing sangarepe umat. Tujuaneyaiku kanggo menehi kawruh lan nasehat marang wong kang ngrungokake.
Khotbah umume katindhakake saben jumat nalika nindakake sembahyang jumatan, sak bubare nindhakake Sholat Idul Fitri lan Idul Adha, pengajian, lsp.
Pidhato/ tanggap wacana/ sesorah yaiku njlentrehake ide/gagasan sacara lisan kang katujokake marang bebrayan.



a)      Carane nganggo klambi, klambine kudu resik, rapi sopan, lan jumbuh karo kahanane pamireng pidhato iku. Carane nganggo klambi iku kudu bener lan pener. Umamane: peci ora oleh miring, jenis klambi uga nyesuekake karo kahanan pamireng.
b)      Carane ngadheg ing podium, sadurunge diwenehi wektu dening wong kang macakake pranata adicara, becike pemicara lungguh ana papan kang rada ndhelik. Aja lungguh ing ngarepe pamireng, amerga penampilane mengko ora duwe daya kejut. Anggone mlaku tinuju podium kudu kanthi lumrah, ora digawe-gawe, sadurunge ngomong, ambegan lan nyawang kabeh para pamirenge kanthi sumringah. Anggone ngadek kanthi jejeg lan aja nyendherake awak ning podium.
c)      Carane nyekeli mikrophon, mikropun digoceki kanthi lumrah, aja dolanan kabel utawa nggaya kaya penyanyi ning panggung. Mikropun karo lambe aja nganti kadohan lan uga aja kecedhaken.
d)      Carane pidhato
Carane pidhato kuwi ana papat, yaiku:
1.      Ngapalake,
2.      Spontanitas (impromptu),
3.      Njlentrehake/njabarake kerangka pikiran (ekstemporan), lan
4.      kanthi maca naskah.
v Nulis pidhato kuwi kawiwitan saka nilis tema, subtema, banjur nemtokake irah-irahan/judhule pidhato. Dene Cengkorongan naskah pidhato yaiku:
1.      Pambuka, ngemot salam, pakurmatan, syukur marang Allah, lan panuwun
2.      Isi, ngemot bab-bab kang gegayutan karo tema, subtema, lan irah-irahan
3.      Panutup, isine dudutan, pangarep-arep, nyuwun pangapura, lan salam panutup
v Caranengandharake isine pidhato iku werna-werna miturut tujuan, kaanan lan pendekatane.
1.      Miturut tujuane pidhato

a.    Pidhato kang Menehi hiburan
b.   Pidhato kang Menehi kawruh
c.    Pidhato Ajak-ajak


2.      Miturut kaanane pidhato

a.       Kaanan resmi
b.      Kaanan setengah resmi
c.       Kaanan ora resmi
d.      Kaanan liya-liyane


3.      Miturut pendekatan isi

a.       Pendekatan intelektual
b.      Pendekatan moral
c.       Pendekatan emosional


Pawongan kang tanggap sabda kudu nggatekake:
  Swara kang teges lan cetha
  Busana kang cocok karo kapreluane
  Solah bawa kang prasaja, anteng, manteb lan ora kaku
  Bisa ngolah basa kanthi becik
*      Kajaba iku pawongan kang tanggap sabda kedah gladhen:
Wicara : pocapan kudu teges lan cetha
Wirama            : ora kecepeten lan ora kerindhiken
Wirasa : ngerti swasana /kahanan
Wiraga : awake kudu anteng lan mrebawani

0 comments:

Posting Komentar

popcash