MBADUM KABAGYAN
Kabagyan ora bakal kalong manawa didum
malah sansaya tambah
Tambah wong kang ngrasakake kabagyan iku
Nanging menawa kepingin dipek dhewe
Kabagyan ora bakal ana paedahe
Malah rugi ,marga amung sethithik kang ngrasakake
Nanging akeh-akehe manungsa meri marang kabagyaning liyan
Murka marang kabagyaning dhewe
Pingine wong liya ora oleh seneng
Kepara seneng ndeleng wong susah
Kamangka donga murih kabagyaning liyan diamini malaikat
malaikat nyuwun marang Gusti murih kabagyan kita
Ayo padha mbadum kabagyan
Ayo padha nglipur kang susah
GELA SYUKUR
Umpama aburku ora kedhuwuren,
Mbokmenawa tibaku ora kelaran.
Mbokmenawa tibaku ora kelaran ,
Umpama kang nibakake dudu kang ngaburake.
Nanging ….
Aku tetep matur nuwun
Umpama aku ora ditibakake
Mbokmenawa aku wis kendhang katut angin.
RASA IKU
Pagawean kang paling abot
Nglawan hawa nafsu
nafsu kang wujud rasa
Rasa iku pepaesing donya
pepaes nanging geneya ora bisa gawe endah
sabab mapane ora pener , ora bener
tundone bubrah
0 comments:
Posting Komentar